Salira

Agustus 05, 2014



Kang sutresna, Salira.


Keneng apa ta sakjane? Apa ya srei kuwi marai dadi aji? Wong ya kabeh pawongan kuwi duwe dalan dhewe-dhewe. Apa sing kok lakoni iki rak wis dadi karepmu. Dene ngapa kowe malah drengki marang liya? Geneya ngapa wingi ora nglakoni kaya dene liyane? Pancen getun kuwi tiba buri, Ndhuk.


Ndhuk, Gendhukku sing tak tresnani. Bisaa dadi wong kang ora nuruti nepsu. Bisaa dadi wong kang sabar. Iki pacobanmu, Ndhuk. Anggonmu drengki srei kuwi ora migunani. Wis ora usah kok pandeng, ora usah kok rewes. Dalamu ya dalanmu. Mlakuwa sing jejeg, sing tatag.

Barang sing ora ana ijole kuwi mung siji, Ndhuk. Mangsa. Wektu. Sreimu kuwi marai rugi. Ya rugi mangsa. Rugi uga kanggo atimu, mung gawe rereged.

Sing dak ajab, Ndhuk, dadya wong kang uga bisa migunani marang liyan. Uripmu kuwi ora mung kanggo awakmu dhewe. Kowe uga ora bisa urip dhewe. Mula apa sing dadi rereged ing ati lan penggalihmu kuwi ilangana. Ora guna.

Wis, Ndhuk. Gage njaluk ngapura marang Gustimu. Reresik ati penggalihmu. Banjur mlakuwa maneh. Rasah wedi, rasah gojag-gajeg. Sih ku marang kowe ora bakal ilang. Aku ra bakal ninggal kowe Ndhuk, Saliraku, kang dak tresnani.

You Might Also Like

0 komentar

Subscribe